B. Daerah

Pertanyaan

nalika isih timur,ki hajar dewantara duwe asma

1 Jawaban

  • Nalika isih timur, Ki Hajar Dewantara duwe asma Raden Mas Suwardi Suryaningrat

    Pembahasan :

    Ing ngisor iki cuplikan cerita ngenani Ki Hajar Dewantara :

    Ki Hajar Dewantara iku salah sawijining tokoh kang duweni jasa gede banget marang pendidikan ing Indonesia. Ki Hajar Dewantara lair utawa miyos ing Yogyakarta tanggal 2 Mei 1889. Nalika isih timur panjenengane kagungan asma Raden Mas Suwardi Suryaningrat. Ki Hajar Dewantara iku nate oleh ukuman saka Walanda amarga tulisane “Seandainya Aku Seorang Belanda” kang ngemot sindiran marang Pamarentah Walanda lan dadeake Walanda muntab banjur Ki Hajar Dewantara dibuwang menyang negara Walanda. Nalika ing Walanda panjenengane nyinaoni pendidikan lan nalika bali ing tanah air Ki Hajar Dewantara nerusake perjuangan ing bab pendidikan. Ki Hajar Dewantara duweni sesanti kang populer yaiku ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Ki Hajar Dewantara duwe gelar Bapak Pendidikan lan saben tanggal 2 Mei iku ditetepake dadi Hari Pendidikan Nasional

    Wacan ngenani Ki Hajar Dewantara kelebu teks profil tokoh, nalika nulis teks profil tokoh kudu nggatekake :

    • Tokoh kang dipilih duweni sifat utawa lelabuhan kang bisa dadi tuladha
    • Bisa didadekake inspirasi
    • Nalika nulis teks profil tokoh migunakake basa ngoko alus

    Kesimpulan :

    Dadi saka cuplikan cerita ing dhuwur nalika isih timur Ki Hajar Dewantara duweni asma Raden Mas Suwardi Suryaningrat

    Pelajari lebih lanjut >>

    Contoh teks profil tokoh bahasa Jawa

    https://brainly.co.id/tugas/26174888

    Materi contoh teks narasi

    https://brainly.co.id/tugas/11444229

    Materi karangan narasi

    https://brainly.co.id/tugas/14415633

    =============================================================

    Detail Jawaban :

    Kelas : VII

    Mapel : Bahasa Daerah - Bahasa Jawa

    Materi : Kepahlawanan - Teks profil tokoh

    Kode soal : 13

    Kata kunci : Asmane Ki Hajar Dewantara nalika isih timur

    #AyoBelajar

Pertanyaan Lainnya